Snail%20bob%202y8s
Blacy Smiley - Haha Bucktooth













































http://www.khemer.com/media/268/Wild_West_Milkshakes/
facebookFacebook Twitter: twitterTwitter
get this widget here

Sabtu, 12 November 2011


DURUNG BECUS SELAK BESUS

Ana paribasan “Durung Becus Selak Besus”.Paribasan iki kena lan cocok luwih-luwih kanggo para mudha ing jaman kemajuan iki.Para remaja putri jaman saiki kaya-kaya arep padha bebarengan nyengkakake,cepet-cepet mburu sulistyaning warna ayuning rupa lan endahing raga.Kepengen selak ayu,kamangka bayaran sekolah lan dhuwit jajan wae njagakake wong tuwane.Sing nggone golek direwangi adus keringet olehe nyambut gawe.
Anane paribasan “Durung Becus Selak Besus” iku ngandhut pepeling,Manawa sulistyaning warna,ayuning rupa iku tansah tuwuh mbarengi lakuning wektu,diwasaning umur,lan kang wigati mbarengi samaptaning batin.Yen dionceki,paribasan mau nggepok rong perkara.Siji pecus kuwi gegayutan karo kahanan batin utawa ati,siaga apa durung.Awit iki kabeh yen durung tekan titi mangsane njalari bebayan.
Kuwi kabeh wis ana buktine mungguh ing kutha-kutha apa dene ing desa.Akeh akehe ing kutha,para putri umure durung  sepira ,nanging dandane ngalah-ngalahke wanita diwasa.Kukune diwenehi kitek,lambene dibengesi,alis dicelaki lan sapanunggalane.
Pancen paribasan “Durung Becus Selak Besus”,kuwi ora mung magepokan karo parangan bab pepaes dhiri sing durung wektune,nanging mujudake piweling supaya manungsa kuwi ora sembrana,ora grusa-grusu.Bab iki ngelingi manawa mono titah sing sekeng,sing gampang tumiba ing dosa.Perlu pangati-ati aja nganti tumiba ing bebayan.

Kapethik saka: Pandawa Bahasa Jawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar